Kanal Ngapak Kebumenan


KEBUMEN (www.beritakebumen.info) - Alhamdulillah wis meh telung taun Berita Kebumen Beriman On Line ngancani sedulur kabeh, sing nang Kebumen utawa nang ndi ora. Sedawane onlen aweh kabar kanggo para sedulur, ngadimin (Admin) uga ulih saran, masukan, lan kritikan saking para sedulur. Kabeh mau diterima kanti legawa kanggo kemajuane bareng-bareng, lan kanggo dipikiraken apike lan kurange nang ngadimin.

Salah sijine usul yaiku kepengin BK (Berita Kebumen) nganggo bahasa ngapak nek posting nang ngaring pesbuk (Facebook) mbuh nang aring profile (Profile) , grupe (Group) , pege (Fan Page), utawa nang liane termasuk nek komentar. Alhamdulillan kui mau uwis dilakoni, walopun urung kabeh. Merga ndeleng situasi lan kondisi.

Kanggo nglestarikaken utawa nguri-uri bahasa Ngapak Kebumenan, siki nang web Berita Kebumen digawe/ditambaih label/kanal khusus NGAPAK. Rencanane arep di isi berita-berita sing sifate sante, ora patia resmi, guyon, kabar sedulur, lan sa'piturute. Mula ngdimin njaluk pendongane sedulur kabeh moga-moga lancar. Amin.

Kayane mung semeno bae informasine, sing penting aja nganti pada klalen karo Kebumen, aja pada nganti ketinggalan berita. Penthelengi terus Berita Kebumen onlen.


Kebumen Kotaku... Ngapak Bahasaku...!

"Gulali Kancane Permen..
"Aja Lali Karo Kebumen..

"Kupat Kecemplung Santen..
"Sedoyo Lepat Nyuwun Ngapunten..

Salam,
Ngadimin

Oya aja kelalen sedulur, sing arep iklan dagangan onlen utawa golet barang monggo pada meng Pasar Tumenggungan Onlen


=============================================================
Untuk mendapatkan informasi terbaru, dan yang tidak terposting silahkan bergabung di FACEBOOK GRUP dan like FAN PAGE

Post a Comment

Silahkan Berkomentar yang Baik dan Bermanfaat!

أحدث أقدم